skip to main |
skip to sidebar
- Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo
nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing
diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg
kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora
kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula
basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere
akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku:
1. Ngoko lugu
2. Ngoko alus
3. Karma lugu
4. Karma alus1. Basa Ngoko Lugu
- Wujude: Tembunge ngoko kabeh ora ana kramane.
- Panganggone:
a. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
b. Menyang sing kaprenah enom.
c. Yen lagi ngunandika.
d. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.
- Tuladha:
- Kowe mengko sore sida ngampiri aku les?
- Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya!
- 2. Basa Ngoko Alus
- Wujude: Tetembunge ngoko kacampuran karma inggil.
- Panganggone:
a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate.
b. Garwane priyayi marang sing kakung.
c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.
Tuladha:
- Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa
takdherekake?
- Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi?
- Yen kersa mengko dakaturi sejinah.
- 3. Basa Krama Lugu
- Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma)
- Panganggone:
a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.
b. Garwane priyayi marang sing kakung.
c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade.
Tuladha:
- Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta
sepedha motor mas?
- Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?
- 4. Basa Krama Alus Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama)
lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman). Panganggone:
a. Wong enom marang wong tuwa.
b. Batur marang bendarane.
c. Murid marang gurune.
d. Andhahan marang pimpinane.
e. Kanca karo kanca sing durung kulina.
Tuladha:
- Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng
eyang, kula badhe tumut.
- Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika lucu
sanget.

0 komentar:
Posting Komentar