Unggah-ungguh
basa Jawi
saged dipunperang dados kalih inggih
menika ragam Ngoko kaliyan ragam Krama. Miturut Wibawa dkk (2004: 49), Ragam Ngoko inggih menika
wujud unggah-ungguhing basa Jawi kanthi ngginakaken tembung-tembung Ngoko.
Mekaten ugi ater-ater, seselan, tuwin panambangipun inggih Ngoko. Wonten malih
pangertosan ragam Ngoko saking Baoesastra DJawi (1939: 422), Ngoko kn: tanpa tata basa (pakoermatan) toemrap
oenggah-oenggoehing basa (tetemboengan). Pamanggih sanesipun ragam
Ngoko inggih menika ragam basa Jawi ingkang namung ngangge leksikon utawa kosakata Ngoko,
mekaten ugi kaliyan afiks-ipun
ngangge afiks Ngoko (tuladhanipun di-, -e, lan –ake)
(Sasangka, 2006: 94).
Ragam Ngoko menika wonten warni kalih, Ngoko Lugu lan Ngoko Alus. Ragam Ngoko Lugu inggih menika wujud unggah-ungguhing basa Jawi ingkang
sadaya tembung-tembungipun ingkang rinonce ing ukara ngginakaken Ngoko sarta
babarpisan mboten dipunlebeti tembung Krama Lugu, Krama Alus, utawi tembung
Madya. Tembung-tembung Ngoko mekaten wau dipunterapaken dhateng tiyang gineman
(01), ingkang dipunajak gineman(02), utawi ingkang dipunrembag (03) (Wibawa dkk. 2004: 49).
Ragam Ngoko alus
inggih menika unggah-ungguhing basa Jawi ingkang pangroncenipun ukara mboten
namung ngginakaken tembung-tembung ngoko kemawon, ananging ugi ngginakaken
tembung Krama utawi Krama Alus (Wibawa dkk. 2004: 50). Saking pangertosan
ragam ngoko wonten ing nginggil menika saged dipunpendhet katrangan bilih ragam
Ngoko tembung-tembung, ater-ater, seselan ugi panambangipun ngginakaken ragam
Ngoko sadaya. Wonten Ngoko Alus menika boten namung ngginakaken tembung Ngoko,
ananging ugi ngginakaken tembung Krama. Tembung Krama wonten ing ukara Ngoko
Alus menika namung dipunginakaken kangge raos kurmat kemawon dhumateng tiyang
ingkang langkung sepuh menapa langkung dipunkurmati.
0 komentar:
Posting Komentar