Gebyar Jawa #4 Directed by: Me

Gebyar Jawa adalah acara tahunan yang dirayakan oleh jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Bertepatan juga dengan hari ulang tahun jurusan yang ke 5 tahun, tahun ini panitia memilih tanggal 18 Desember untuk merayakan Gebyarnya yang ke 4. Acara berlangsung sangat ramai sekali, meskipun pada awal pembukaan acara masih sedikit partisipasi dari peserta yaitu mahasiswa jurusan Bahasa dan Sastra Jawauntuk mengikuti kirab budaya, muter kampus Unnes.
Sie acara mengungkapkan kekecewaanya terhadap antusias peserta untuk mengikuti kirab budaya pagi itu. " rombongan kirab budaya sangat minim sekali, mahasiswa angkatan 2012 hanya 30an orang yang mengikuti kirab ini. ternyata antusias teman-teman sangat mengecewakan."
" padahal panitia sudah mati-matian membuatkan acara yang semakin tahun semakin berbobot, mengapa minat mahasiswa seperti ini, apa masalahnya?" Fahmi Abdilah selaku ketua Hima menambahkan.
Acara dimulai dari pembukaan dan pelepasan kirab budaya pukul 08.00 oleh kajur dan dosen-dosen yang lain di teras depan gedung B8. pembukaan itu disimboliskan dengan mengucurkan air kepada perwakilan peserta oleh dosen-dosen. kemudian dilanjutkan barongan dari Blora yang akan mengiringi jalanya kirab dan terakhir peluncuran icon Punakawan.
Barisan kirab tertata rapi, dan dijalankan sesuai urutan umbul-umbul yang disiapkan peserta.

Setelah kirab selesai, kondisi lapangan B1 sudah ramai peserta. dalam gedung B8 juga telah sibuk panitia menyiapkan acara. susunan acaranya sebagai berikut :

SUSUNAN ACARA GEBYAR JAWA 2013
Rabu, 18 Desember 2013

No.
Waktu
Acara
1.
07.00-07.30
Presensi peserta
2.
07.30-08.00
Pengkondisian barisan di depan B8
3.
08.00-08.30
Pembukaan : 1. Simbolis kajur
                            2. Trailer Barongan

4.
08.30-10.00
Kirab, lenggasor di dekat FE
5.
10.00-10.10
suguhan karawitan dari darmasiswa (mahasiswa asing)
6.
10.10-10.40
Pisowanan Ageng : 1. Candra Dosen
7.
10.40-10.55
Bedaya Srimpi
(Stand Jajan dibuka)
8.
10.55-11.00
Sambutan Ka.Panitia
9.
11.00-11.10
Sambutan Dekan
10.
11.10-11.40
Hiburan Barongan

11.
11.40- 12.30
Peragaan Duta Sinjang
12.
12.30-13.00
Kembul Bujana : 1. Potong Tumpeng Oleh Kajur
2. hiburan organ/keroncong*
13.
13.00-13.30
Pengumuman dan Penutup
alkhamdulillah acara berlansung begitu epic dan mahapecah banget :D ditutup dengan goyang oplosan serentak beramai-ramai bersama dosen juga. hari itu begitu melelahkan dan menggembirakan. untuk dokumentasi yang lebih lengkap bisa dilihat pada halam ini Gebyar Jawa Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa Unnes 2013

cerkak Ibu Gendhuk Pamit

Ibu, Gendhuk Pamit

                         Dening : T I U R
 “Nar..!”
Aku mung noleh, mesem. Bojoku celuluk metu saka mobil, kaya-kaya abot tak tinggalake. Pasuryane sedhih, mripate brambang amarga panjalukanku. Ora, aku ora jaluk neka-neka, aku mung kepengen bali mulih dewe tilik Ibuku ning desa.
Esuk mau aku diterke manyang terminal, karo Mas Edi bojoku lan Rani anaku sing pada arep di terke sekolah kelas  1 SD. Niatku ninggal anak bojoku, kepara aku mung pengen ngancani turu Ibuku. Wis meh 2 tahun aku ora bali tilik Ibu, among ngabari lewat telpon lan pos surat. Yen lagi telpon, ibuku mesti matur yen keadaane apik-apik wae.  Sehat, ora kurang apa-apa. Nanging aku kudu weruh ibu, kudu tak sikep awake amarga kangenku.
Lagi setengah sejam perjalanan saka Bandung mataku krasa ngantuk, angine krasa atis. Rasa  kangen marang ibu lan kampung padesanku saya gedhe. Aku lahir ing desa garung Wanasobo, suwasana kampung padesan sing isih ndesa banget. Angine anyes, lan aduh saka rame kutha. Ibu manggon ning omah dewean amarga bapaku wis tinggal 3 tahun kepungkur. Adhiku lanang melu akademi pelayaran sing mung bisa bali setahun pisan lan ora bisa kerep menehi kabar lewat telpon. Aku anake sing mbarep malah kadung omah-omah ing kota gedhe, amarga ketemu  bojoku nalika aku kuliyah. Lan dinesku uga ning kutha.
Perjalanan numpak sepur tekan kuthaku nganti 10 jam, aku lungguh dewe ning sisih jendela. Ing sisih bangkuku ana bocah cilik saumuran anaku  karo ibu lan simbahe lagi nyimak olehe bocah kui maca buku cerita anak.
“ diwaca sing cetha nak, ben simbah krungu.”printahe ibune cah cilik iku mau.
“ pada suatu malam, bintang bersinar terang. Udara dingin…”
Simbahe bungah banget ngerti putune wis wasis maca. Upama aku, anaku lan ibuku bisa bareng gayeng ngono kui saben dina, mesthi ayem atiku.
Deleng kahanan kaya mangkono aku dadi kelingan nalika aku cilik, aku iya cerewet banget. Pinter lan seneng maca. Wong-wong menehi saran yen aku luwih apik dadi pemandu wisata, dudu pengacara.
Nalika aku umur 6 tahun, aku wis kelas 2 SD. Olehku maca lancar banget. Saben mangkat utawa bali sekolah  ing ngarep bis sing disupiri bapaku mesthi aku macake kabeh penumpang. Mangkat lan bali sekolah aku mesthi dipethuk bapaku nyambi kerjane dadi supir bis umum. Aku kelingan saben bali sekolah aku kudu mlaku 10 menitan lewat galengan sawah tekan omahku sing jeru banget.
“mak, mak’e aku bali mak…”
“ Gusti, anaku wis bali.” Ibu langsung nyelehke serbete banjur mapak aku ning ngarep omah. Tas lan bukuku di gawake.
“ pie mau nduk, sekolahe nyenengake? Kesel ya? Upama sekolahmu bisa tak junjung cedak omahe dewe kene mesthi tak lakoni nduk. Supaya saben dina awakmu ora mlaku kesel kaya ngene.” Kuatire ibu saben dina kaya mangkono.
“haa, ibu mboten napa-napa. Wis biyasa, kabeh kancane kan ya kaya ngene.” Sahurku
“walaaah nduk, kowe ki pancen bocah pol manis. Muga-muga kabeh gegayuhanmu dilancarke dening Gusti.” Ature ibu samba uyel-uyel pipiku.
Kaya mengkon polahe ibuku, keton banget olehe ngeman-eman awaku. Nganti adiku lanang sing 3 tahun sa ngisorku kudu ngalah saka aku. Ora mung kuwi, ibuku uga nutupi larane nalika lagi tukar karo bapaku. bapaku senenge mabuk-mabukan. Kerjane mung sopir bis umum. Sikile bapaku dawa siji mergo pancen awit lahire cacat. Saben bali kerja, mesti ibuku dadi nggon amukane bapaku amarga kalah judi. Deleng wong tuwaku sing saben dina tukar, atiku lara. Aku lan adhiku asring banget nangis ana ing mburi omah, ora tegel krungu ibuku di gubugi bapaku. nanging ibu ora tau sedhih ning ngarepkulan adhiku.
Aku kelingan banget, nalika aku gawe cuwane ibuku. Wayah tampa rapot kelas 7, kabeh wong tuwa murid di undang. Ibuku teka paling keri dewe amarga pancen jarak omah tekan sekolahku adoh banget. Kabeh murid lan wong tuwane wis kumpul ana ing kelas, aku iseh lungguh dewe pikirku ibuku ora teka sekolahku. Ora sue, Aku kaget, jebul ibuku teka jupuk rapotku. Aku banjur ijin memburi nemoni ibuku. Rasukane ibuku ora pantes, ora kaya wong tuwane kancaku liyane sing pancen kabeh ibune kerja dadi pegawe. Ibu mung serabutan dodolan pecel ing ngarep omah, iku wae ora saben dina bisa buka. Aku dawuhi ibu supaya bali wae, amarga aku isin.
Aku iseh kelingan banget ibuku nyauri mangkene, “oh, iya nduk. Iya awakmu bener. Menawa yen aku duweni ibu kaya ngene aku dewe ya isin. Wis ora apa-apa nduk, ibu ngerti. Ibu tak bali wae ya. Ngapurane ibu ora mikir tekan semono, melas awakmu yen mengko diisin-isin kancamu. Yawes ibu bali. Iki ana waluh karo endog godhog wehke gurumu ya. Wis ibu bali nduk ya. Kana balik ning kelas.”
Ibuku eman lan bungah banget karo aku, nanging aku malah nyia-nyia ibu sing wis temen ngeman-eman awaku. Nganti ibuku ora dak entuki mara sekolahku. Suwene aku ana ing bangku sekolah, aku dadi siswa teladan nganti lulusan SMA aku dadi lulusan terbaik sing entuk kesempatan kuliah negeri ing Kota Bandung kana. Sejatine ibuku abot olehe ngeculke aku kuliah adoh, nanging iki kekarepanku,  aku janji marang ibu bakal jaga awaku lan nyenengake keluargaku. Saben aku bali ibu mesthi wis nyipake bungkusan gedhe isi sembako lan panganan sing tak senengi kanggo sangu aku ning kos. Nanging aku malah nesu-nesu bae amarga kabotan olehe gawa ing duwur bis. Ibu sing saben dina nelponi aku takon kabarku malah jarang tak rwes amarga aku sibuk urusanku.  Suwene kuliah aku nyambi kerja dadi pelayan ing coffe shop cedak kampusku. ing kono aku kerep banget ketemu karo Mas Edi sing saiki dadi sisihanku. Mas Edi lulusan magister sing saiki kerja ana ing Kominfo Bandung, pancen saka keluarga sing sugih. Rasane aku beja banget bisa jodho karo Mas Edi.
Kereta mlaku saya cedak tekan omahku, saya garing eluhku nalika ngelingi kabeh pengorbanane ibu. Aku mudun saka kereta banjur numpak bis tekan desaku. Angin semribit, gegodhongan subur pari uga lemu-lemu. Kabeh suwasana kaya mangkene wis sui ora tak rasa. Tekan omah aku celuluk, ibuku metu langsung nyikep awaku.
Dina iki ning kamarku, sorot srengenge madangke omahku. Gambar lan diary jaman sekolahku tak bukai maneh, foto-foto karo ibu jaman semana gawe eluhku netes maneh, saya deres. Ibu sing lagi masak ning pawon tak rangkul pundake. Niatku dina iki pengen mlaku-mlaku karo ibu. Awit esuk aku karo ibu mlaku dolan ning taman kota, banjur golek mangan ning restoran larang. Ibu keton seneng banget. Nembe pisan iki ibu metu mlaku-mlaku lan mangan enak. Bar kui aku ngajak ning studio foto, karepku foto wong loro. Gawanan blanja akeh banget, nganti wengi jam 9 lagi bali tekan omah. Ana ing teras ngarep omah aku lan ibu leyehan.
“ hah Ya Allah, kesel ya nduk. Mbiyen ibu senenge turonan ning kene iki ndeleng langit banjur nangis.”   Ceritaneibu, lirih.
“menapa gara-gara urip iki abot?” saurku
“amarga anaku melu susah merga kahanane wong tuwa sing kaya mengkene. Awakmu pinter uga ayu. Ibu nyekolahke kowe, jebul bijimu sempurna.” Ibu mangsuli lan mesem bungah
“ora sepatute nduk, kowe lahir saka keluarga kaya bapak ibumu iki. Kere lan ora due pendidikan. Ibu mesthi mikiri kui sing angel gawe turu. Mesake awakmu.” Ibuku nyambung maneh.
 Krungu ibu cerita mangkono, atiku miris. “ bu, Nar nyuwun ngapura ya, menawi asring gawe ibu sayah, lara ati.”
“ngapura apa nduk?” ibu takon.
“ya, Nar sering banget ngeselke ibu.” Jawabku
“nduk anaku… sebenere ana apa? Ibumu iki ngerti sakabehane. Ana perkara apa? Ibu kui ngerti yen anake lagi sedhih. Atine si mak iki mesthi krasa tatu” ibu bali takon
“nah jare ngertos sekabehe bu, kok malah takon.” Saurku alus
“nduk kenapa? Kowe sedhih perkara ana masalah apa. Apa kowe dilarake ati bojomu? Apa kowe kurang duit, ben ibu silihi ya? ”sahut ibu saya penasaran.
“duh, mboten bu, mpun ah adus riyin kula nggih.” Ibu tak tinggal mlebu omah.
Bubar kui aku turon ing kasur kamarku, ora suwe ibu ujug-ujug teka lan mijiti sikilku.sikilku dipijet kanthi cepet baget.  “ibu, aku ora apa-apa.”
“nduk apa sesuk awakmu meh balik gasik? Bisa ora nduk, yen neng omah luwih suwi meneh wae. Ngancani ibu.”
“iya bu, aku kudu ngurusi rani lan bojoku. Kerjaan iya ora bisa ditinggal suwe suwe….kapan aku bisa dolan mriki malih, ngancani ibu.” Jawabku sedih, mripatku mulai mbrambang.
“ awakmubisa dolan sasi ngarep nduk, renea sasi ngarep mengko. Kancani ibumu iki. Ojo ngomong kaya mangkono.” Suarane ibuku kaya meh nangis.
 Aku njingkat ora kuat kudu nyikep ibuku, njaluk ngapura lkaro ibu menawa aku akeh keliru suwene aku urip karo ibu. Ib8u sansaya nangis gero-gero, aku iya dleweran.
“anaku ora bakal kajupuk disik, suwene aku urip aku jaga anaku. Gusti ra bakal jupuk anaku sak durunge aku. nduk aja wedi, Ana ibu neng kene nduk, ibu sing njaga awakmu. Ibumu iseh urip.” Ibuku tangisan kaya-kaya wis ngerti kahananku.
Ibuku menyat, nanging terus ndoprok ning jogan. Kaya-kaya abot le mlaku.
“gusti, kenapa uripku kaya ngene tenan. Abot ya Allah gusti, kenapa dudu aku disik sing mati.” Ibuku klengseran.
Aku mung tangisan sesegen. Iya, wis 2 tahun iki aku kena kanker pankreas. Sing gawa awaku lemes lan gering kaya saiki iki. Mbok menawa ibu wis ngerti saka takon Mas Edi. Iki sing tak karep, aku mung kudu bareng karo si mboku ing wektu-wektu pungkasanku. Njaluk ngapura kabeh salah lan luputku. Tak rangkul sak kuatku, muga-muga ibu bisa kuat ngeculke aku.

SeratWulangreh

serat wulangreh

dengarkan dan jangan takut. link diatas akan membawa anda kesitus soundcloud.
serat ini berisi piwulangan, kepada para generasi supaya waspada dalam berlaku. dan ingatlah 4 perkara yang menjadi sumber hukum agama. "nggoning rasa kang satuhu"

Ajining Diri Saka Budi Pekerti lan Kendhaling Lathi

Kamis, 09 Januari 2014

Free Website templatesfreethemes4all.comFree Blog TemplatesLast NewsFree CMS TemplatesFree CSS TemplatesFree Soccer VideosFree Wordpress ThemesFree Web Templates