Dening : T I U R
“Nar..!”
Aku mung noleh, mesem. Bojoku
celuluk metu saka mobil, kaya-kaya abot tak tinggalake. Pasuryane sedhih,
mripate brambang amarga panjalukanku. Ora, aku ora jaluk neka-neka, aku mung
kepengen bali mulih dewe tilik Ibuku ning desa.
Esuk mau aku diterke manyang
terminal, karo Mas Edi bojoku lan Rani anaku sing pada arep di terke sekolah
kelas 1 SD. Niatku ninggal anak bojoku,
kepara aku mung pengen ngancani turu Ibuku. Wis meh 2 tahun aku ora bali tilik
Ibu, among ngabari lewat telpon lan pos surat. Yen lagi telpon, ibuku mesti
matur yen keadaane apik-apik wae. Sehat,
ora kurang apa-apa. Nanging aku kudu weruh ibu, kudu tak sikep awake amarga
kangenku.
Lagi setengah sejam perjalanan
saka Bandung mataku krasa ngantuk, angine krasa atis. Rasa kangen marang ibu lan kampung padesanku saya
gedhe. Aku lahir ing desa garung Wanasobo, suwasana kampung padesan sing isih
ndesa banget. Angine anyes, lan aduh saka rame kutha. Ibu manggon ning omah
dewean amarga bapaku wis tinggal 3 tahun kepungkur. Adhiku lanang melu akademi
pelayaran sing mung bisa bali setahun pisan lan ora bisa kerep menehi kabar
lewat telpon. Aku anake sing mbarep malah kadung omah-omah ing kota gedhe,
amarga ketemu bojoku nalika aku kuliyah.
Lan dinesku uga ning kutha.
Perjalanan numpak sepur tekan
kuthaku nganti 10 jam, aku lungguh dewe ning sisih jendela. Ing sisih bangkuku
ana bocah cilik saumuran anaku karo ibu
lan simbahe lagi nyimak olehe bocah kui maca buku cerita anak.
“ diwaca sing cetha nak, ben
simbah krungu.”printahe ibune cah cilik iku mau.
“ pada suatu malam, bintang
bersinar terang. Udara dingin…”
Simbahe bungah banget ngerti
putune wis wasis maca. Upama aku, anaku lan ibuku bisa bareng gayeng ngono kui
saben dina, mesthi ayem atiku.
Deleng kahanan kaya mangkono aku
dadi kelingan nalika aku cilik, aku iya cerewet banget. Pinter lan seneng maca.
Wong-wong menehi saran yen aku luwih apik dadi pemandu wisata, dudu pengacara.
Nalika aku umur 6 tahun, aku wis
kelas 2 SD. Olehku maca lancar banget. Saben mangkat utawa bali sekolah ing ngarep bis sing disupiri bapaku mesthi
aku macake kabeh penumpang. Mangkat lan bali sekolah aku mesthi dipethuk bapaku
nyambi kerjane dadi supir bis umum. Aku kelingan saben bali sekolah aku kudu
mlaku 10 menitan lewat galengan sawah tekan omahku sing jeru banget.
“mak, mak’e aku bali mak…”
“ Gusti, anaku wis bali.” Ibu
langsung nyelehke serbete banjur mapak aku ning ngarep omah. Tas lan bukuku di
gawake.
“ pie mau nduk, sekolahe
nyenengake? Kesel ya? Upama sekolahmu bisa tak junjung cedak omahe dewe kene
mesthi tak lakoni nduk. Supaya saben dina awakmu ora mlaku kesel kaya ngene.”
Kuatire ibu saben dina kaya mangkono.
“haa, ibu mboten napa-napa. Wis
biyasa, kabeh kancane kan ya kaya ngene.” Sahurku
“walaaah nduk, kowe ki pancen bocah
pol manis. Muga-muga kabeh gegayuhanmu dilancarke dening Gusti.” Ature ibu
samba uyel-uyel pipiku.
Kaya mengkon polahe ibuku, keton
banget olehe ngeman-eman awaku. Nganti adiku lanang sing 3 tahun sa ngisorku
kudu ngalah saka aku. Ora mung kuwi, ibuku uga nutupi larane nalika lagi tukar
karo bapaku. bapaku senenge mabuk-mabukan. Kerjane mung sopir bis umum. Sikile
bapaku dawa siji mergo pancen awit lahire cacat. Saben bali kerja, mesti ibuku
dadi nggon amukane bapaku amarga kalah judi. Deleng wong tuwaku sing saben dina
tukar, atiku lara. Aku lan adhiku asring banget nangis ana ing mburi omah, ora
tegel krungu ibuku di gubugi bapaku. nanging ibu ora tau sedhih ning
ngarepkulan adhiku.
Aku kelingan banget, nalika aku
gawe cuwane ibuku. Wayah tampa rapot kelas 7, kabeh wong tuwa murid di undang.
Ibuku teka paling keri dewe amarga pancen jarak omah tekan sekolahku adoh
banget. Kabeh murid lan wong tuwane wis kumpul ana ing kelas, aku iseh lungguh
dewe pikirku ibuku ora teka sekolahku. Ora sue, Aku kaget, jebul ibuku teka
jupuk rapotku. Aku banjur ijin memburi nemoni ibuku. Rasukane ibuku ora pantes,
ora kaya wong tuwane kancaku liyane sing pancen kabeh ibune kerja dadi pegawe.
Ibu mung serabutan dodolan pecel ing ngarep omah, iku wae ora saben dina bisa
buka. Aku dawuhi ibu supaya bali wae, amarga aku isin.
Aku iseh kelingan banget ibuku
nyauri mangkene, “oh, iya nduk. Iya awakmu bener. Menawa yen aku duweni ibu
kaya ngene aku dewe ya isin. Wis ora apa-apa nduk, ibu ngerti. Ibu tak bali wae
ya. Ngapurane ibu ora mikir tekan semono, melas awakmu yen mengko diisin-isin
kancamu. Yawes ibu bali. Iki ana waluh karo endog godhog wehke gurumu ya. Wis
ibu bali nduk ya. Kana balik ning kelas.”
Ibuku eman lan bungah banget karo
aku, nanging aku malah nyia-nyia ibu sing wis temen ngeman-eman awaku. Nganti
ibuku ora dak entuki mara sekolahku. Suwene aku ana ing bangku sekolah, aku
dadi siswa teladan nganti lulusan SMA aku dadi lulusan terbaik sing entuk kesempatan
kuliah negeri ing Kota Bandung kana. Sejatine ibuku abot olehe ngeculke aku
kuliah adoh, nanging iki kekarepanku, aku
janji marang ibu bakal jaga awaku lan nyenengake keluargaku. Saben aku bali ibu
mesthi wis nyipake bungkusan gedhe isi sembako lan panganan sing tak senengi
kanggo sangu aku ning kos. Nanging aku malah nesu-nesu bae amarga kabotan olehe
gawa ing duwur bis. Ibu sing saben dina nelponi aku takon kabarku malah jarang
tak rwes amarga aku sibuk urusanku. Suwene kuliah aku nyambi kerja dadi pelayan
ing coffe shop cedak kampusku. ing
kono aku kerep banget ketemu karo Mas Edi sing saiki dadi sisihanku. Mas Edi
lulusan magister sing saiki kerja ana ing Kominfo Bandung, pancen saka keluarga
sing sugih. Rasane aku beja banget bisa jodho karo Mas Edi.
Kereta mlaku saya cedak tekan
omahku, saya garing eluhku nalika ngelingi kabeh pengorbanane ibu. Aku mudun
saka kereta banjur numpak bis tekan desaku. Angin semribit, gegodhongan subur
pari uga lemu-lemu. Kabeh suwasana kaya mangkene wis sui ora tak rasa. Tekan
omah aku celuluk, ibuku metu langsung nyikep awaku.
Dina iki ning kamarku, sorot srengenge
madangke omahku. Gambar lan diary jaman sekolahku tak bukai maneh, foto-foto
karo ibu jaman semana gawe eluhku netes maneh, saya deres. Ibu sing lagi masak
ning pawon tak rangkul pundake. Niatku dina iki pengen mlaku-mlaku karo ibu.
Awit esuk aku karo ibu mlaku dolan ning taman kota, banjur golek mangan ning
restoran larang. Ibu keton seneng banget. Nembe pisan iki ibu metu mlaku-mlaku
lan mangan enak. Bar kui aku ngajak ning studio foto, karepku foto wong loro.
Gawanan blanja akeh banget, nganti wengi jam 9 lagi bali tekan omah. Ana ing
teras ngarep omah aku lan ibu leyehan.
“ hah Ya Allah, kesel ya nduk. Mbiyen
ibu senenge turonan ning kene iki ndeleng langit banjur nangis.” Ceritaneibu, lirih.
“menapa gara-gara urip iki abot?”
saurku
“amarga anaku melu susah merga
kahanane wong tuwa sing kaya mengkene. Awakmu pinter uga ayu. Ibu nyekolahke
kowe, jebul bijimu sempurna.” Ibu mangsuli lan mesem bungah
“ora sepatute nduk, kowe lahir
saka keluarga kaya bapak ibumu iki. Kere lan ora due pendidikan. Ibu mesthi
mikiri kui sing angel gawe turu. Mesake awakmu.” Ibuku nyambung maneh.
Krungu ibu cerita mangkono, atiku miris. “ bu,
Nar nyuwun ngapura ya, menawi asring gawe ibu sayah, lara ati.”
“ngapura apa nduk?” ibu takon.
“ya, Nar sering banget ngeselke
ibu.” Jawabku
“nduk anaku… sebenere ana apa?
Ibumu iki ngerti sakabehane. Ana perkara apa? Ibu kui ngerti yen anake lagi
sedhih. Atine si mak iki mesthi krasa tatu” ibu bali takon
“nah jare ngertos sekabehe bu,
kok malah takon.” Saurku alus
“nduk kenapa? Kowe sedhih perkara
ana masalah apa. Apa kowe dilarake ati bojomu? Apa kowe kurang duit, ben ibu
silihi ya? ”sahut ibu saya penasaran.
“duh, mboten bu, mpun ah adus
riyin kula nggih.” Ibu tak tinggal mlebu omah.
Bubar kui aku turon ing kasur
kamarku, ora suwe ibu ujug-ujug teka lan mijiti sikilku.sikilku dipijet kanthi
cepet baget. “ibu, aku ora apa-apa.”
“nduk apa sesuk awakmu meh balik
gasik? Bisa ora nduk, yen neng omah luwih suwi meneh wae. Ngancani ibu.”
“iya bu, aku kudu ngurusi rani
lan bojoku. Kerjaan iya ora bisa ditinggal suwe suwe….kapan aku bisa dolan
mriki malih, ngancani ibu.” Jawabku sedih, mripatku mulai mbrambang.
“ awakmubisa dolan sasi ngarep
nduk, renea sasi ngarep mengko. Kancani ibumu iki. Ojo ngomong kaya mangkono.”
Suarane ibuku kaya meh nangis.
Aku njingkat ora kuat kudu nyikep ibuku, njaluk
ngapura lkaro ibu menawa aku akeh keliru suwene aku urip karo ibu. Ib8u sansaya
nangis gero-gero, aku iya dleweran.
“anaku ora bakal kajupuk disik,
suwene aku urip aku jaga anaku. Gusti ra bakal jupuk anaku sak durunge aku. nduk
aja wedi, Ana ibu neng kene nduk, ibu sing njaga awakmu. Ibumu iseh urip.” Ibuku
tangisan kaya-kaya wis ngerti kahananku.
Ibuku menyat, nanging terus
ndoprok ning jogan. Kaya-kaya abot le mlaku.
“gusti, kenapa uripku kaya ngene
tenan. Abot ya Allah gusti, kenapa dudu aku disik sing mati.” Ibuku klengseran.
Aku mung tangisan sesegen. Iya,
wis 2 tahun iki aku kena kanker pankreas. Sing gawa awaku lemes lan gering kaya
saiki iki. Mbok menawa ibu wis ngerti saka takon Mas Edi. Iki sing tak karep,
aku mung kudu bareng karo si mboku ing wektu-wektu pungkasanku. Njaluk ngapura
kabeh salah lan luputku. Tak rangkul sak kuatku, muga-muga ibu bisa kuat
ngeculke aku.
0 komentar:
Posting Komentar