Teknik Maca Naskah Pawarta
Menawi salah sijine pawongan maca pawarta dipun
pocapaken kanthi cetha kang bisa keprungu endah lan cetha dening wong liya ,
iku kang diarani maca teknik.
Ora kabeh
wong bisa maca teknik kanthi sae, jalaan kemampuane wong siji lan sijine iku
beda-beda.
Supaya bisa
maca kanthi endah lan enak dipun pirengaken, kedah migateaken babagan-babagan
kayata ing gisor iki :
1. Pocapan
utawa lafal kudu jelas antarane vocal lan konsonan
2. Lagu
ukara, yaiku munggah mudhune suara
3. Kawijangan
pocapan, yaiku gamblang dipun rungoaken lan bener tumrape aturaning basa
4.
Pandelenge mripat sesaged sagede lurus marang pamiarsa, tajem lan
prabawa
5. Sikape
maca kedah sopan santun lan leres
Tuladha teks
brita :
Tim pembebasan tanah proyek rel
ganda Kabupaten Kendal, Jawa Tengah, nemahi perkawis. Ingkang dados sebab,
wonten warga ingkang nyuwun gantos rugi tanah kanthi regi inggil, inggih punika
ngantos 10 juta per meter. Mila ngantos sakniki, pembebasan tanah ing Kendal
nembe kalaksanan 50%.
Miturut pangandikanipun Kepala
Bagian Tata Pemerintahan Kabupaten Kendal, Agung Budi Cahyono, tanah ingkang
sampun dibebasaken namung 45 hektar. Kamangka, tanah ingkang dipunbetahaken
kangge proyek rel ganda kirang luwih 98 hektar.
Tanah ingkang taksih dados perkawis inggih punika wonten ing Weleri kaliyan Kaliwungu. Ing Weleri,wonten tigang tiyang ingkang nyuwun tanahipun dipun pundhut kanthi regi 6 juta per meter. Sawetawis, warga Desa Krajan Kulon, Kaliwungu, nyuwun Pemkab mundhut tanahipun kanthi regi 10 juta per meter.
Miturut kateranganipun Agung tanggal
8 Januari 2013, regi ingkang dipun suwun warga punika inggil sanget. Sebab,
regi ingkang dipun temtuaken dening tim saking 800.000 ngantos 2 juta
per meter. Punika namung regi tanah, dereng kalebet regi bangunan.
Agung nambahaken, ing pungkasan Maret 2013, perkawis pembebasan tanah kangge proyek rel ganda dipunkarepaken sampun rampung. Wonten Kendal, paling mboten wonten 25 desa ingkang badhe dipundamel proyek rel ganda. Tanah ing 15 desa sampun bebas. Nanging, tanah ing 10 desa sanesipun taksih dipunrembag. Menawi tetep mboten nemahi kesepakatan gantos rugi, tim badhe nglebetaken perkawis punika dhateng pengadilan, supados enggal-enggal dipungelar sidang konsinyasi.
(Disadur dari berita kompas.com dengan judul “Proyek Rel Ganda Terkendala
Ganti Rugi Tanah”)
0 komentar:
Posting Komentar