RAMALAN JOYOBOYO Jayabaya salah seorang raja Kediri (1130-57),
penerus Airlangga yang paling banyak dikenang, walaupun tentang masa
pemerintahannya sendiri tidak banyak diketahui oleh sejarah. Ketika
itulah Empu Sedhah dan Empu Panuluh diperintahnya menyadur Mahabharata
Sanskerta ke dalam kakawin Jawa Kuno Bhratayuddha. Empu Panuluh juga
menggubah kakawin Gatotkacasraya dan Hariwamsa, sebagai puja-puji
persembahannya pada junjungannya Sang Mapanji Jayabhaya Sri Dharmeswara
Madhusuddhama Wartamindita itu. Jaman Kediri, khususnya semasa
Kameswara (1115-30) dan Jayabaya (1130-57), memang merupakan jaman mas
bagi perkembangan sastra Jawa Kuno. Karena itulah tradisi Jawa
mengatakan, bahwa Raja Jayabaya telah meramalkan tentang masa keruntuhan
kerajaannya sendiri, dan sekaligus tentang kebangkitan dan kejayaannya
kembali di kelak kemudian hari. Ramalan tentang jatuh-bangunnya "Negeri
Jawa" atau Nusantara.
Besuk yen wis ana kreta tanpa
jaran. Tanah Jawa kalungan wesi. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang.
Kali ilang kedhunge. Pasar ilang kumandhang. Iku tanda yen tekane jaman
Jayabaya wis cedhak. Bumi saya suwe saya mengkeret. Sekilan bumi
dipajeki. Jaran doyan mangan sambel. Wong wadon nganggo pakaian lanang.
Iku tandane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman. Akeh janji ora
ditetepi. Akeh wong wani mlanggar sumpahe dhewe. Manungsa pada seneng
nyalah. Ora ngindahake hukum Allah. Barang jahat diangkat-angkat. Barang
suci dibenci. Akeh manungsa mung ngutamake duwit. Lali kamanungsan.
Lali kabecikan. Lali sanak lali kadang. Akeh Bapa lali anak. Akeh anak
wani nglawan ibu. Nantang bapa. Sedulur pada cidra. Kulawarga pada
curiga. Kanca dadi mungsuh. Akeh manungsa lali asale. Ukuman Ratu ora
adil. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil. Keh kelakuan sing ganjil. Wong
apik-apik pada kepencil. Akeh wong nyambut gawe apik-apik pada krasa
isin. Luwih utama ngapusi. Wegah nyambut gawe kepingin urip mewah.
Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka. Wong bener
thenger-thenger. Wong salah bungah. Wong apik ditampik-tampik. Wong
jahat munggah pangkat. Wong agung kesinggung. Wong ala kepuja. Wong
wadon ilang kawirangane. Wong lanang ilang kaprawirane. Akeh wong lanang
ora duwe bojo. Akeh wong wadon ora setya marang bojone. Akeh ibu pada
ngedol anake. Akeh wong wadon ngedol awake. Akeh wong ijol bebojo. Wong
wadon nunggang jaran, wong lanang linggih plangki Randa seuang loro.
Prawan seaga lima. Duda pincang laku sembilan uang. Akeh wong ngedol
ngelmu. Akeh wong ngaku-aku. Njabane putih njerone dadu. Ngakune suci,
nanging sucine palsu. Akeh bujuk akeh lojo. Akeh udan salah mangsa. Akeh
prawan tuwa. Akeh randa nglairake anak. Akeh jabang bayi lahir nggoleki
bapakne. Agama akeh sing nantang. Perikamanungsan saya ilang. Omah suci
dibenci. Omah ala saya dipuja. Wong wadon lacur ing ngendi-endi. Akeh
laknat. Akeh pengkhianat. Anak mangan bapak. Sedulur mangan sedulur.
Guru disatru. Tangga pada curiga. Kana-kene saya angkara murka. Sing
weruh kebubuhan. Sing ora weruh ketutuh. Besuk yen ana peperangan teka
saka wetan kulon, kidul lan lor. Akeh wong becik saya sengsara, wong
jahat saya seneng. Wektu iku akeh dandang diunekake kuntul. Wong salah
dianggep bener. Durjono saya sempurna. Wong lugu kebelenggu. Wong mulyo
dikunjoro. Sing curang garang. Sing jujur kojur. Pedagang akeh sing
keplarang. Wong main akeh sing ndadi. Akeh barang haram. Akeh anak
haram. Wong wadon nglamar wong lanang. Wong lanang ngasorake drajate
dhewe. Akeh barang-barang mlebu luang. Akeh wong kaliren lan wuda. Wong
tuku nglenik sing dodol. Sing dodol akal okol. Wong golek pangan kaya
gabah diinteri. Sing kebat kliwat. Sing telah sambat. Sing gede kesasar,
sing cilik kepleset. Sing anggak ketunggak. Sing wedi mati. Sing nekat
mbrekat. Sing jerih ketindhih. Sing ngawur makmur, Sing ngati-ati
ngrintih. Sing ngedan keduman. Sing waras nggagas. Wong tani ditaleni.
Wong dora ura-ura.
tak disangka semua pertanda diatas telah terlihat dimuka bumi ini. tanah jawa yang kalungan wesi, tahun kemarin terjadi tragedi kecelakaan kereta api di Bintaro yang sangat tragis sekali memakan banyak nyawa.
0 komentar:
Posting Komentar