Karya Mpu Tantulan.
1. Aja Sira Anlarani Hati Nin Non
Jangan Menyakiti Perasaan Orang Lain (dan jangan mengacaukan pikiran orang lain)
2. Ajaamidanda Tan Sabenere
janganlah menjatuhkan hukuman yang tidak adil
3. Ajaamalat Duwe Nin Wadwa Nira
Janganlah menjarah harta rakyatmu
4. Aja Tan Asih In daridra
Janganlah menunda kebaikan terhadap mereka yang kurang beruntung
5. Luluta Rin Pandita
Mengabdilah pada mereka yang sadar
6. Aja Sira Katungkul Ing Kagunan, Amujya Nabhaktya
Janganlah menjadi sombong, walau banyak orang menghormatimu
7. Aja Memateni Yen Tan Sabenere
Janganlah menjatuhkan hukuman mati, kecuali menjadi tuntutan keadilan
8. Uttama Si Yen Sira Akalisa Rin Pati,
Adalah yang terbaik, jika kau tidak takut mati,
9. Sampuraha Rin Tiwas
dan bersabar dalam keadaan susah
10. Anulaha Saama Daana Ajaapilih Jana
(adalah yang terbaik) Jika kau berjiwa besar dan memberi tanpa pilih kasih
=========================
ESTHINING PANEMBAH
Dikirim ESTHINING PANEMBAH pada Mei 15, 2008 oleh alangalangkumitir
Kanggo nggayuh supaya wong urip bisa muksa syarat mutlak kang kudu
dilakoni yaiku kudu cedhak karo Gusti Kang Murbeng Dumadi. Jalaran muksa
iku tegese bisa mbalekake barang-barang silihan saka Gusti, utawa yen
wong Islam ngarani marang Allah SWT.
Kang kudu dingerteni barang-barang apa wae kang wis kita silih, yaiku
urip. Urip iki asale saka Kang Gawe Urip, utawa Gusti Kang Murbeng
Dumadi mau. Kaya kang tinulis ing Al-Quran surat Al Haj (surat 22) ayat
5: He para manungsa. Menawa sira mamang perkara bakal tangine wong kang
wis mati, sira mikira. Ingsun wis gawe leluhurira Nabi Adam saka lemah,
saiki Ingsun nitahake awakira saka mani. Banjur dadi getih kenthel,
banjur Ingsun dadekake daging ganep wujud bayi lan ora ganep (lengkap).
Supaya sira terangake kasampurnan kuwasa-Ningsun.
Lesan mau kang Ingsun kersakake lestari dadi manungsa. Ingsun
lerenake ing guwagarba tekan mangsane lair. Sira banjur Ingsun wetokake
dadi bayi, nuli Ingsun paringi urip nganti tekan wayah mempeng. Saweneh
manungsa ana kang mati sadurunge dewasa, lan ana kang dawa umure nganti
pikun, (iku Kersaningsun) nganti si pikun mau lali barang kang maune
disumurupi.
Lan maneh sira andeleng bumi iku ngenthak-enthak tanpa thethukulan.
Bareng wis Ingsun turuni banyu udan, banjur ngarejet (obah) thukul
thethukulan warna-warna kang mbungahake para manungsa (kang
becik-becik).
Sejatine manungsa urip iku kadunungan telung perkara, yaiku badan
wadhag kang asale saka manine bapa lan sel telure biyung, kaloro badan
alus (roh) kang asale saka alam arwah, lan katelu urip kang asale saka
paringane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Katelune kaiket utawa ditaleni
dening taline urip yaiku nafas, dadi wadhag-roh-lan urip dadi sawiji,
iki diarani wong urip. Yen roh karo uripe ucul saka badan wadhag, amarga
taline urip pedhot, ragane ditinggal, mati kaku dadi bathang. Iki uga
dialami kabeh sagung barang kang urip. Kayata: wit-witan, kabeh kewan,
yen ditinggal roh/badan aluse, badan wadhag mesthi mati dadi bathang,
awake kaku.
Lha saiki roh/badan alus karouripe menyang endi? Kudune roh lan uripe
mlebu alam barzah/alam kubur. Ing kene bakal nampa siksa kubur apa
nikmat kubur, salaras karo amale neng donya nalika urip dhisik. Lha
lawase sepira? Gumantung vonise Kang Murbeng Dumadi.
Yen wis entek vonise, arwah/roh lan uripe mlebu ana alam arwah. Ing
kene antri ngenteni dina kiyamat. Yaiku dina bakale wong mati
ditangekake dadi urip maneh. Mangkono sateruse (maosa Al-Quran, surat Al
Baqarah, ayat 28). Nganti akhire bali marang ngarsane Gusti kang
Murbeng Dumadi.
Lha saiki yen awake dhewe kepengin bisa bali marang Pangeran (Allah
SWT), ya wiwit saiki kudu kenal karo Gusti Allah SWT. Lan maneh awake
dhewe kudu sregep ngadhep utawa madhep marang Gusti kaya tuntunan
agamane dhewe-dhewe.
Agama Islam menehi tuntunan kanggo ngadhep marang Allah SWT kudu
shalat. Lan agama Islam milah tataran ilmu iku dadi patang tataran.
Tingkatan ilmu cacah papat iki marakake panembah utawa shalat kaperang
dadi papat, yaiku: shalat sarengat, shalat tarekat, shalat hakekat, lan
shalat marifat.
Shalat sarengat iku manembahing raga, sesucine mawa toya (banyu). Yen
katrima mahanani makrifating sarengat. Tegese weruhe panca indera.
Kayata mripat ndeleng gumelare donya nyebabake percaya manawa kabeh mau
mesthi ana kang nitahake, yaiku kang sinebut Pangeran utawa Gusti Allah.
Kapercayan kang mangkene iki disebut wajibul yakin.
Shalat tarekat iku manembahing cipta (ati), sesucine merangi hawa
nafsu, sesirik. Yen katrima mahanani makrifating tarekat. Tegese weruhe
sipangerti, lire kapercayane kanthi pangerti marang sejatine kang
sinebut Pangeran iku, ora mung tiru-tiru wong akeh wae. Kapercayan ngene
iki dirani ainul yakin.
Shalat hakekat iku manembahing jiwa (roh) kang mawa piranti rasa
jati, sesucine sarana eneng, ening, awas, lan eling. Yen katrima
mahanani makrifating hakekat. Tegese weruhe si-rasa jati. Lire
kapercayan ora kandheg ing pangerti bae. Kapercayan ngene iki diarani
haqqul yakin. Ing tataran/tingkatan iki wis wiwit kebuka werna-werna
hijab (warana) kang ngaling-alingi antarane titah karo kang nitahake.
Nanging ya tingkatan iki kang banget gawate, karana akeh begalane.
Shalat makrifat. Iku panembahing sukma. Yaiku jiwa kang kuwasa tanpa
piranti (sang alus/urip). Sesucine sarana wairagya, yaiku ngipatake
sawernaning gegayuhan apa wae, kajaba mung tumuju marang Pangeran (Allah
SWT), yen katrima mahanani makrifating makrifat utawa sejatining
makrifat. Lire percaya tanpa piranti, sarta tan kena kinaya ngapa. Iya
ing kene tingkatan iki kasebut leburing papan kalawan tulis, cep tan
kena kinecap, diarani isbatul yakin, yaiku teteping kapercayan.
Utamane nindakake kaya mangkono kaping lima jroning sedina-sewengi
kaya wektu shalat wajib. Ora-orane sepisan dalem sedina-sewengi.
Ora-orane maneh iya sepisan ing dalem seminggu. Ora-orane maneh ya
sepisan ing dalem sesasi. Ora-orane maneh ya sepisan ing dalem setaun.
Ora-orane maneh ya sepisan dalem.selawse urip.
Iki ana uran-uran/tembang (embuh karangane sapa) kang nggambarake
wong kang lagi sepisan ngicipi kahanan tan kena kinaya ngapa iku,
mangkene unine: Damar kurung binekta ing kemit, tintingana salira
priyangga, den rumangsa sisipa. Rohing kacang puniku, angelayung
rasaning ati. Sela panglawet ganda, sepisan ketemu, kalabang sinandhung
cuncar, norarena kepanggih sepisan ping kalih, kumudu saben dina.
Pancen kanggo cecedhakan karo Gusti kita kudu ngundhakake iman lan
pangerten kita marang Allah SWT. Jalaran supaya bisa sesambungan karo
Pangeran kita kudu ningkatake shalat kita sa-ora-orane tekan tingkat
shalat hakekat. Sokur bisa tekan shalat makrifat. Saengga besuk yen kita
wis mati, kita bisa marak ngarsane Pangeran Kang Akarya Gesang. Iya iki
tujuan akhir urip kita: marak ing Ngarsane Gusti.
Sumber : Majalah Jaya Baya
0 komentar:
Posting Komentar