dening : T I U R
Dakplayokake
wektu
Ing
gemontang bandhul jam omahku
Ngirim SMS
menyang nomermu
Ing selaning
pring ora pethuk kang ngrembuyung
Nyilakake
gegodhongan
Nyingkirake
eri bebondhotan
Nyuklek
camplang-camplang garing
Kang nggarit
pulung ati
Dakkirim sms
ing wengi kang adem
Ngliwati
sepi kang ora sapa aruh
Ora medhot
impen kang mili
Ing selanin
pring ora pethuk kang ngrembuyung
Ing langit
ngendi mboktitipake kangenku ?
0 komentar:
Posting Komentar