MITRA.....Wis daktampa nawalamu mitra
Nalika udan deres sasi februari kang nggugah
sepining ati
Durung
wae rampung anggonmu
Mbabar crita kanthi mawa sewu rasa
Kang isih kemrungsung ing sajroning dhadha
Nanging pepisahan iki bakal dumadi
Tan rinasa wis telung taun luwih nyecep ngelmu
bebarengan
Ora ana tembung liya
Kajaba atur panuwunku marang sliramu
Kang wis gelem nampa cacatku kanthi lila
legawaning ati
Mitra...
Najan netra iki ora bisa sapatemon
Ananging tali kang wis karonce iki
Aja nganti ilang kasimpar ilining mangsa
Dakakoni pancen iki kang wis dadi pesthening
gusti
Yen pepisahan iki kudu dumadi
Mitra...
Wengi iki wewayanganmu kumlebat maneh
Dina-dina kang kelakon wingi tansah dadekake
Tumetese waspaku
Lan nalika wengi terus lumaku kanthi tumekaning
lingsir
Aku takon marang senthir
Kang isih setya madhangi pikir
Kapan aku lan kowe ketemu lan nulis crita endah
kaya wingi kuwi
0 komentar:
Posting Komentar