Lara Ati
dening : T I U R
Ati iki nggone rasa
Bisa ngrundel, bisa uga mendel
Menawa lagi ngrundel,
Ya ngapura
Larane iki wes ora kuwawa
Apa-apa hawane kepeksa
Amarga kowe ora tau rumangsa
Apa maneh kok krasa
Apa kowe ki ngrasake?
Larane ditelantarke kaya mengkene
Katon manis yen ana butuhe
Polah sak penake dewe
Omong sak kocape
Oke!
yo wis kana uripe dewe-dewe
0 komentar:
Posting Komentar