Duweke Sapa
dening : T I U R
Ingsun sun tentreming ati
Gugahing jiwa suci sejati
Jare aku iki mustikaning negeri
pesugihane Negeri sing edi
Endi?
Endi sing tansah nguri-uri
Malah neng jaba aku tansah aji
Amarga anak putuku pada lali
Sawangen,
Rungakna,
Rasakna,
Aku diopeni dening liya
Dirumat kanthi rega
Disekseni kanthi reksa
Dirawit dening para landa
Nyuara ing mancanegara
Dudu saka putuku kang pada ngrembaka
Malah wong liya, jaba jawa
Apa kowe pada rumangsa?
0 komentar:
Posting Komentar