Kisah Rama lan Juliet
Sumber : Panjebar Semangat edisi 3
juni 2012
“Nanging Romeo…”
“Tuut
tuut tuut…” durung nganti Juliet ngrampungake ukarane, ing sisih kana Romeo wis
mateni telpune. Juliet mung bisa nangis mingseg-mingseg. Romeo pria sing paling
ditresnani Juliet, saiki wis ngiyanati katulusan tresnane.
Yen
mbiyen gelem manut ngendikane bapake, nasibe Juliet mungkin ora kaya saiki,
digawe cuwa dening kang kinasih Romeo. Nalika semana bapake wis ngelingake
menawa Romeo kuwi pemuda kang playboy, seneng gawe dolanan cewek. Nanging
wektu kuwi Juliet ora mirengke ngendikane bapake, amarga Romeo kuwi bagus tur
pinter ngrayu, Juliet gampang banget kena rayuwan manise Romeo. Juliet tetep
nindakake hubungan asmarane utawa pacaran klawan Romeo tanpa sapangerten
bapake.
Akhir-akhir
iki Juliet lagi sadhar temenan yen ngendikane bapake kuwi bener. Semingguku
kepungkur nalika Juliet lagi dolan-dolan karo Septi kanca rakete, Juliet weruh
Romeo mlaku bareng cewek liya. Yen mung mlaku biyasa ngono Juliet ora bakalan
sujana, ananging wektu kuwi Romeo mesra banget kanthi ngrangkul pundhake cewek
mau. Kepriye Juliet ora jengkel weruh pepujaning ati tumindak kaya ngono kuwi.
Nanging ing wektu kuwi Juliet isih nyoba sabar, Juliet mung mendhem ing atine
lan nganggep Romeo ora bakal ngianati tresnane. Sing bisa dilakoni Juliet
nalika iku kanggo nyadharke Romeo amung nyindhir-nyindhir nalika omong-omongan
karo Romeo. Nanging Romeo ya pancen Romeo pemuda kang Playboy, arepa disindhir
kepiye wae tetep ora sadhar.
Juliet
iku sabar lan pangerten, kepiye wae tingkahe Romeo mesthi Juliet gelem narima,
amarga Juliet tresna banget karo sing jenenge Romeo kuwi. Pria sing kanggo
dheweke dadi first love, amarga sadurune ngenal Romeo, Juliet durung tau
ngrasakake rasa tresna kang kaya mangkono karo priya liya. Mulane nalika weruh
Romeo dolan karo cewek liya, Juliet isih nyoba sabar. Nganti kedadeyan telung
ndina kepungkur, nalikane Juliet ngonangi Romeo mlaku maneh karo cewek sing dheweke
ora cewek mau. Ananging krungu apa sing diomongake Romeo lewat telpun entas
iki, nyata menawa Romeo milih cewek mau tinimbang Juliet. Atine Juliet
kejojoh-jojoh lan kuciwa banget.
***
Dina
iki Juliet mangkat kuliyah tanpa ana semangat. Kelakuane Romeo isih wae
mbayangi dheweke, Juliet durung bisa legawa ngeculake Romeo, tapi kepiye maneh
Romeo wis ora ngarepake dheweke. Mula saka iku ing jam kuliyah mau Juliet
bola-bali ditegur dening dosene amarga konangan ngalamun ing jam kuliyah. Nalika
ditegur kaya ngono kuwi, Juliet amung bisa meksa mesem.
Jam
kuliyah wis rampung, arep mulih menyang kos nanging kok sepi, Septi kanca
rakete sing uga sak kos-kosane lagi sibuk karo tugas kuliyahe. Biyasane jam 7
bengi utawa bakda isak lagi wae balik menyang kos-kosan. Juliet amung jagong
ing bangku taman kampus karo isih mikirake Romeo. Juliet meneng anteng karo
sepisan-sepisan ngelap eluh kang metu saka mripate.
“Heii,
kok nangis ta?”
Juliet
kaget nalika ana suwara kang ngagetake lamunane, Juliet mengo nggoleki asale
suwara mau.
“Ohh,
sampeyan ta Ma, ora nangis kok, entas wae kliliben lebu iki, angine gek gedhe
kok,” jawabe Juliet ngapusi.
“Hehe,
ora sah ngapusi Jul, aku ngerti kawit mau kok,” kandhane Rama.
Juliet
amung bisa meringis krungu kandhane Rama kuwi, saiki dheweke wis ora bakal bisa
ngapusi maneh.
“Geneya
Jul kowe kok nangis,” takone Rama.
Ditakoni
kaya mangkono, kanggone Juliet dadi peluang anggone bisa nyuntakke rasa kang
ana ing atine, apa maneh Rama kuwi bocahe penak kanggo curhat. Akhire Juliet
crita kabeh masalahe. Rama ngrungokake karo sepisan-pisan manthuk lan aweh
panglipur yen ngepasi crita kedadeyan sing gawe Juliet nangis.
“Ohh
ngono ta Jul critane,” kandhane Rama sawise Juliet rampung anggone crita. “Pranyata
critamu meh padha karo critaku Jul,” Rama nerusake.
“Meh
padha kepiye Ram?” Juliet penasaran.
Rama
banjur cerita yen dheweke ya entas wae pisahan karo Shinta. Kenya kang sasuwene
iki ngrenggani atine. Rama crita menawa Shinta wis ngiyanati tresnane kanthi
luwih milih Indra tinimbang dheweke. Shinta wis ora ngelingi mbiyen nalika
Rama mati-matian mbelani dheweke nalika diganggu karo Rahwana, kanca SMA ne
sing wis terkenal nakale lan nyimpen rasa seneng karo Shinta. Nalika semana
Rahwana pengin Shinta dadi pacare, nanging Shinta ora gelem, Rahwana banjur
ngganggu supaya Shinta gelem. Carane Rahwana gawe Shinta keweden, lha ing
wektu kuwi Rama mati-matian mbelani Shinta. Nanging kuwi crita rongtaun
kepungkur, saiki Shinta wis ora kelingan marang pangorbanane Rama nalika kuwi.
Krungu
critane Rama mau Juliet ya amung manthuk-manthuk, pancen wong ki nek ditresnani
kadhang njur sok nglunjak, rumangsane dheweke ki sing paling apik lan rumangsa
gampang nggolek tresnane wong, dadine bisa cedhak karo sapa wae sing
disenengi, yen kaya nasibe cah 2 kuwi mau. Dikhianati karo wong kang
ditresnani.
“Jul
awake dhewe ora sah kesuwen anggone sedhih, kepiye wae awake dhewe tetep butuh
motivator supaya ora terus-terusan anggone sedhih,” kandhane Rama mbuyarake
lamunane Juliet.
“Iya
bener, lha piye ya Ma?” takone Juliet.
“Jul,
piye yen awakmu dadi motivatorku, aku uga janji bakal dadi motivatormu Jul,”
jawabe Rama.
“Hemm,
piye ya?” jawabe Juliet bingung, “Ya dicoba dhisik wae ya, tapi aku janji kok
bakal nyoba sabisaku,” Juliet nerusake jawabane. Juliet mesem, Rama uga mesem.
“Jul,
yen kisah Romeo Juliet lan Rama Shinta kuwi amung dongeng masa lalu ya?”
kandhane Rama.
“Iya
Ma, saiki Rama lan Juliet sing bakalan dadi crita paling romantis sak donya,”
jawabe Juliet mantep.
“Bisa
wae ta Jul,” jawabe Rama karo njiwit pipine Juliet sing tembem, disusul guyune
bocah loro sing gawe merine sing padha weruh.
Kanggo para remaja, ngapa terus-terusan sedhih nalika
kabeh bisa diakhiri kanthi happy ending. Masa lalu iku pancen endah, nanging
nalika masa lalu iku sirna, elinga menawa masa depan iku isih dawa. (*)
0 komentar:
Posting Komentar