Kembang Lan Titiran
Dening : Cahyo

Sakwise
telpune mati, Khalim nyetir mobile arep bali manyang omahe. Ana ing kamacetan
telpune muni maneh, iyo kanca kerja lan ibune sing nelpun. Ibune sing kuatir
amarga durung bali nganti tekan sore ora di gagas amarga saking ngelune ngurusi
kantor. Ana ing sakdawane kemacetan Khalim iseh telpunan karo kanca kerjane
sing maneka warna urusane kui. Durug maneh saka pacare sing awit awan curiga
amarga sms ora dibales.
“oh
iya ya, sesuk kudu beres kabeh, amarga bose kui kesusu mangkat Singapore.
Tulung kabeh di cek kabeh materi lan laporan sing arep dibeberake ojo nganti
ana sing durung cetha.” Prentahe Khalim sing njabat dadi supervisor ing kantore
Ora
sue telpun muni maneh,
“ya
halo, inggih pak. Iya besok saya kosong jam 11 siang, di bawa saja samplenya
nanti saya periksa. Ketemu di lobi kantor sebelum makan siang ya pak. Oke iya
waalaikumsalam.” Sautane Khalim.
Telpun
sijine muni saka pacare, diangkat.
“iya
nok, inggih mas jemput mangke jam 8nan ya. Iki dalan isih macet. Mas nggih
dereng ngaso sedina iki ngurusi klien ora ono pedote. Sabra nok ya.”jawabe
Khalim ngedemke ati sisihane.
Telpun
sing pada muni saka pacare gentian ibune sing telpun, nanging ora diangkat.
Ibune sing wis kaping welasan telpun durung digagas.
Dalan
iseh macet dawa, lampu iseh durung ijo. Sak pinggire bangjo akeh banget para
pengemis pada njaluk sedekah, uga akeh bocah kang iseh ngederke Koran lan
ombenan. Ana siji bocah kang nawari Khalim titiran. Sijine di dol rongewu
rupiah.
“mas
titirane mas, 6000 wae mas. Tulung di tuku” melas bocah adol titiran mau.
Bocah
kui mau isih nganggo seragam abang putih, kluwus lan rusuh. Tas suwek sing
cemangklong ing pundake karo topi kanggo nutupi raine sing wis ireng amarga
seben dina kena panas. Bocah kui mau amung gawa 3 titiran abang kuning lan
biru. Titiran kui mau anggone makarya dewe saka kertas digunting banjur
disunduk lidi. Olehe bisa gawe mangkono saka sekolahe entuk pelajaran prakarya.
Pisan
nawake ing mobile Khalim ora digagas, banjur dibaleni.
“mas
titiran mas, sijine 2000 wae. Tulung mas.” Tawane bocah SD
Khalim
meneng sedela mandeng wajahe bocah SD kui, banjur buka jendela mobile.
“iya
dek kabehan wae, iki wis ora usah disusuki.” Nyambi Khalim ngelungke duwit
sepuluh ewu tanpa njaluk susuk.
Ora
mung gara-gara melasi bocah mau, nanging titiran kertas kui uga ngelingake
jaman cilikane Khalim nalika dolan karo ibune. Wayah isih umur 8 tahun Khalim
seneng banget mlayu ngubengake titiran sing digaweke ibune.
Bocah
SD kui mau banjur guyu sumeh seneng, layune saya banter. Khalim ndelengi arahe
bocah kui mau nganti ketinggalan lampu ijo. Ora langsung bablas khalim kepengen
ngerti ngendi parake bocah kui mau.
Jebul
bocah SD kui mlayu tuku kembang mawar abang ing pinggir dalan. Khalim sansaya
kepengen weruh karepe bocah kui mau. Mobile diparkir ana ing ngisor wit. Banjur
deleng lan mlaku melu parake bocah kui mau.
.jpg)
Jebul
bocah kui parake ing makam umum.
Khalim
parkir mobile ana ing ngarep gapura pemakaman, banjur melu mlebu ing makam.
Atine
Khalim kemropok, meneng kaku among deleng bocah kui mau dedonga ana ing makame
ibune. Mripate Khalim kaya kepengin nangis nalika weruh bocah kui mau ngelingi
ulang tahune ibune kang wes semayam ing peturon kui. Ana ing sangisore patoke
ibune bocah SD ninggal kambang lan tulisan “Sugeng Tanggap Warsa Ibu J”
0 komentar:
Posting Komentar